Jumat, 16 November 2012

Cerkak Bahasa Jawa


  Stevy
Neng sakdawane urip iki,Stevy mesti duwe pangarep-arep supaya deweke bisa nemu uwong sing ora bakal ninggalake deweke.Stevy lair karo manggon neng Swedia suwene kurang luwih 17 taun.Ibune asale saka Solo(Indonesia),bapakne iku sing asale saka Swedia.Stevy duwe akeh kaluwihan kayata dolanan piano,ngarang utawa nulis cerita,karo renang.Taun 2007,Stevy wis mapan ning Solo,melu bulik lan saksanake.
Musim udan iki,saya nggawe deweke gojag-gajeg nek lungo metu saka omah.Mung banyu kemricik netes saka gendheng sing pada bocor.Sethithik mecah sepi neng omahe bulikne kuwi.Ngamati tangisan langit,nggawe deweke dadi kasenandungan rasa sedhih,eling 10 taun mbiyen.Nganggo saklembar shall putih dikalungake karo rok putih sakdengkul,kaya ora ngrasakake rontoke gelintir-gelintir es neng pori-porine,neng separone petenging wengi.
“Nduk,wus wengi,nganggo a jaket ro gek turu yo nduk cah ayu,”panjaluk bulik Juleha.
Ora sethithik a,Stevy nanggapi bulikne,deweke mung ngalamun terus.
Sepining wengi wis digemparake tabuh neng mesjid,kumandhang adzan karo pethok e pitik kaya wis dadi alarm Stevy kanggo mbukak dinane.Jam 7,Stevy wis mangkat sekolah.
“Evy..Stevy.........”jeritane Alex ngundhang Stevy saka ngarep gerbang SMK 7 Cutet.
Stevy ngendhek langkahe terus noleh karo mesem.
He’ono opo sih..?”saut Stevy.
Sakdurunge Alex ngenei penjelasan,ujug-ujug..krring...krring.....krring.....bel mlebu kelas wis muni.Stevy karo Alex mlayu mlebu kelas.Nalika wektu istirahat,Stevy neng kantin dewe,ujug-ujug bocah wadon 4 nekani Stevy.
“Ehh ‘Vy !pokok e kowe ra etok melu lomba siji-siji a !ngopo tho,kok mesti kowe sek etok penghargaan saka lomba-lombamu,etok piala lah,piagam lah,sek nyenengi kowe wee akeh banget,kok ra aku wae tho,,sing ngrasakke ngono kuwi!huh!”.
“Ho’o vy,,kowe ki ra pantes etok kuwi kabeh,nek kowe nganti melu lomba,kowe bakal cilaka!”.
Kandhane “GENG FOUR STAR’S” ora ditanggapi Stevy,banjur pada lunga kabeh.
Sakbaline saka sekolah,Stevy njujug neng taman mburi sekolah sing dikelilingi danau.Alex teka nabok pundake Stevy.
“Opo,?”takone Stevy.
“Kowe ki pancen gadhis spesial,cuek,pinter,berbakat,ayu maneh”.kandhane Alex.
Stevy mung mesem.
“Aku ndak pengen buat bunda dan papaku kecewa disana,pas umurku 7 taun,papa meninggal karna kecelakaan pesawat,iku gara-gara aku sing nyuruh papa,njemput bunda sing lagi tugas di sini,2 minggu bar kuwi bunda juga tiada karna tidak kuat menghadapi kenyataan ini,aku sanget terpukul saat iku,umur 15 taun,aku uwes kenal cinta,akeh cah lanang sek nyatakke cinta ro aku,tapi mung ono siji sik aku pilih,dia sangat baik kepadaku,setaun setelah kami berpacaran,dia juga meninggal ditabrak lelaki yang dendam padanya karna ora bisa mendapatkanku,satu taun aku menyendiri di rumah,ra pernah metu saka kamar,aku selalu ngrasa bersalah,beberapa bulan kemudian aku pun mutuske untuk menetap di Solo aja,aku bertekad untuk terus berkarya dan berprestasi,aku ra pengen duwe konco opo pacar”.terange Stevy karo udan luh.
“Aku melu sedhih yo,..wong tuwamu ora bakal kaciwa wisss,mereka bakal bangga ndelok kowe wow...luar biasa..”terange Alex ngampet nangis.
Alex ngandhani Stevy,ono lomba se-provinsi yaiku renang,basket,beladiri,catur,nyanyi,main alat musik,karo nari.
“Aku ra melu.”
Why ?”
Stevy bingung,bakal nyeritakke tentang geng e mau opo ora.
“Yowes,,aku melu.
Wengi saya wengi,Stevy nglanjutke hobine nulis,deweke wes nampa persetujuan nek bapakne Alex bisa nerbitke novel-novel.Dina-dina Stevy liwati kanggo latian persiapan lomba.
Nalika neng sekolahan,geng-geng e nekani Stevy maneh.
“Heh!kowe sido melu?!!”getak ketua geng four stars.
Ujug-ujug ketua geng e mau napuk pipine Stevy karo nggebuki gegere.Tanpa perlawanan Stevy mung meneng wae.Panone Stavy katon sumrepet.
“Vy.....kowe kenopo Vy ?”
“Aku neng UKS po ?,nuwun yo lex,nek misale aku njaluk tulung kowe etok ora lex ?kowe mengko neng mburi sekolahan yoo neng pinggir danau koyo mbiyen..”jaluke Stevy mesem katon ngampet lara.
“Iyo,tapi kowe janji,kudu menang lombane..”jaluk Alex guyon.
Angine sing sembribit wis ngelus-elus jilbab e Stevy.Stevy wes kaya sewu bidadari dadi siji.
“Stevy,?”
“Eh,Alex..yo lex,aku wes nggowo kamera ki”.jawab Stevy sumeh.
“Iki bener Stevy ?kowe ayu banget Vy,ngomong-ngomong,saiki arep ngopo ?bukankah kudune saiki kowe latian nggo lomba sesok”,takon Alex bingung.
Udah itu nanti aja,aku mau wes nyuruh pembantuku nggawakke piano mrene,aku pengen kowe nyoting aku pas lagi main piano,ro renang neng kolam renangku mengko,okay!”jaluk Stevy.
“Oke,”.
2 jam Alex nuruti Stevy.Dina lomba wes teka.Sadurunge Stevy mangkat lomba,deweke wes pamitan karo bulik Juleha karo sanak kaluwargane.
“Bulik,kula nyuwun ngapunten,mbok menawa kula sampun ngrepoti,sesrawungan kula kaliyan kaluwarga bulik punika kirang,kula pun cukup puas kathah prestasi ingkang sampun kula capai,bulik,kang kedah kula aturaken menika,kula namung kapengin gadhah umur kang cilik mawon,dongakke nggih bulik,mugi-mugi kula bisa menang,”.
“Dhuh,nduk..kowe ngomong opo tho..bulik iki wis koyo ibumu,rasah serba salah,kowe wes akeh ngrewangi bulik nengkene,yo muga-moga kowe seneng terus yo nduk,”.
Jam 8 lomba wis dimulai,Stevy melu lomba renang karo main piano.
Nalika Stevy main piano,kathah sambutan kang meriah lan apik.Awal lomba Stevy wis katon pucet koyo wong ngampet arep sekarat.Tangane katon kaku,akhire,juri ngijinke Stevy melu renang sikik.Nalika giliran renang,Stevy malah koyo kucing keblebeg.
Ora suwe,Stevy langsung semaput ditulung guru karo wong-wong liyane.Alex sing teka telat kaget,langsung goleki tas e Stevy.Weruh CD-rekaman e Stevy wingi,Alex ngenehke CD ne neng panggone juri-juri.
Alex njujug neng rumah sakit.
“Bu guru,apa yang telah terjadi dengan Stevy ?”pitakone Alex marang gurune.
“Dokter e mau kanda,Stevy wus maksakke penyakit e,Sakdurunge lomba,Stevy wes tau mresakke,dia mengalami luka yang serius,jare dokter e,Stevy wes tau cerita,deweke digebuki geng neng sekolahe,nganti deweke semaput  tho lex,,kata dokter e,akeh gangguan saraf sing saya rusak,Stevy juga memiliki gangguan psikologis,”ungkap gurune Alex.
“Apakah saya boleh masuk bu ?”.
Gurune manthuk setuju.
“Vy,..”.
“He Lex,opo kowe uwis ngenehke CD rekamanku nenggone juri ?”
“Iyo,uwis Vy,opo iki maksudmu,kowe bodho Vy,dadak ngampet lara,kowe ra pengen wong tuwamu bangga maneh po ?”.
“Lex,mungkin,iki wis cukup,aku kangen wong tuwaku,aku pengen nyusul,aku pengen reti ..wong tuwaku bangga tenan ro aku opo ora..”
“Ra perlu wong tuwamu,cukup awakdewe,aku,bulik,guru-guru,aku yakin wong tuwamu kaciwa nek kowe ngelakoni koyo ngene,kowe kok ra ngomong nek duwe masalah ro geng e sekolah ?,kowe yo ra omong nek moro neng rumah sakit,tur mung pengen reti opo sing tok alami,ra njaluk ditambani..”.
“Aku .......”.
“Saumpama matahari iku ra tau angslup,aku bakal ndelokke terus,kayata aku kepengen kowe ono terus,aku sek bakal njaga kowe,sawektu-wektu,rasah nunggu mataharine njedhul maneh,saumpama aku sepisan lan pungkasanmu....pancen”i love you””.
Mung wales ngucapke”i love you too”,Stevy wis lunga saklawase.Alex karo gurune wes ngurusi sek nyebabke Stevy kaya ngono,Stevy etok penghargaan pungkasan saka  lombane sing gagal,nanging di selametake Alex lewat CD rekaman e Stevy.Penghargaan  e Stevy dadi pajangan sing ora bakal dilalekake kabeh siswa lan siswi SMK 7 Cutet.Buku novel e Stevy laris,kisah e diteruske Alex nganti cetakan ke 21.Wus kathah kalimat pungkasan kang dados pamitanipun Stevy Ferlyaen.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar